My Sharing Corner

Sebuah Coretan

Raden Permadi, Nom-Nomane Janaka

Satriya Tanpa Cacad, Baguse Uleng-ulengan

raden arjuna Raden Permadi, Premadi utawa Pamade iku nom-nomne Arjuna satriya Panengah Pandhawa, putrane Prabu Pandhudewanata. Jejuluk liyane Indratanaya, sebab kinasih ing Bathara Indra. Ana ing crita-crita padhalangan uga dicitrakne yen titisane Bathara Wisnu kang panitise binelah loro, kaya suruh lumah lan kurepe, dadi Permadi lan Narayana utawa Janaka lan Kresna.
Panyandarane Ki dhalang, Permadi iku satriya bagus tanpa cacad. Yen ing Khayangan, dewa sing baguse uleng-ulengan lan tanpa cacad iku Bathara Kamajaya. Lha yen ing arcapada, satriya lelananging jagad kuwi ora liya iya permadi iku. Kasektene pilih tandhing. Titise ulah jemparing ora ono sing madhani. Mangka iuga bisa mabur lan bisa ngilang. Pusakane pirang-pirang, ampuh kabeh. Ing antarane ana jemparing Pasopati, Sarotama, Ardhadhedhali, lan Haryasengkali. Kerise, Kalanadhah, Pulanggeni, lan sapiturute. Uga dhemen ulah tapa lan ngangsu kawruh. Akeh pertapan sing ditekani, para pandhitane dipuruitani, diangsu werna-werna ngelmu lan kawruhe. Mula ing bab pangawikan, Permadi iku iya pinujul.

Watak wantune andhap-asor, ora seneng ngumumake kaluwihane, lan dhemen tetulung marang sapadha-padha, tur tansah ngoyomi marang sing ringkih. Mula akeh sing nresnani. Garwane pirang-pirang. Ana lima sing dianggep onjo sinebut-sebut lan cinandra kanthi becik ana ing Serat Candrarini yasan pujangga Mangkunegara IV. Yaiku Wara Sumbadra, Dewi Manohara, Dewi Ulupi, Dewi Gandawati lan Wara Srikandhi. durung liya-liyane ing antarane kayadene Dewi Larasati. Putri-putri iku, putraning raja lan pandhita. Lan iku uga asor, seneng tetulung lan mbangun ngestoake dhawuh iku, bisa diwuningani antara liya ing lakon Bima Bathok utawa Bima Bumbu. Sawise pandhawa lan Dewi Kunthi uwal saka bebaya diobong ing Bale Sigala-gala dening Kurawa, banjur padha nerusake laku menyang Wukir Retawu. Ing tengah dalan kacarita Pinten lan Tangsen (cilikane Nakula lan Sadewa) padha nangis merga luwe.
Dewi Kunthi banjur ngutus Permadi golek pangan kanggo adhine iku menyang Desa Kebanyakan kang kabawah ing negara Ekacakra. Ketemu demang Sagotra kang durung atut karo bojone, Rara Winihan. Awit saka bantuane Permadi, ki Sagotra banjur bisa akur karo bojone. kanggo males kabecikane, banjur prajanji, mbesuk tumapaking Baratayuda saguh dadi banten, tawur kanggo kamenangane Pandhawa.

Ing lakon Kangsa Adu Jago, Permadi mbantu Brataseno ngalahake Suratimantra, sarana nyelupake kerise kang ampuh ing banyu sendhang kang dadi sumber urupe buta gedhe surasekti kuwi. Banyu dadi umob mawalikan, bareng kuwandane Suratimantra dijegorake mrono, dadi ajur mumur ora ngukup maneh. nalika iku Prabu Anom Kangsa wis nangkep Kakrasana lan Narayana, nanging kanthi sesidheman dipanah dening Permadi, saengga Kakrasana lan Narayana ucul, banjur merjaya Kangsa.

Permadi uga tau mbeguru marang Begawan Padmanaba, kang uga gurune Narayana. banjur pinaringan Aji Sepiangin (bisa mlayu banter banget), Aji Mlayubumi (panglemunan) lan Aji Sempalaputri (bisa manjing ajur-ajer, mancala putra mancala putri).

Diambil dari Jaya Baya Edisi 41 Minggu II Juni 2007

December 16, 2008 - Posted by | Budaya | , ,

4 Comments »

  1. wah wah wah hebat bener nih sang arjuna… tapi sayang, playboy!

    Comment by ninings | February 9, 2009 | Reply

    • bbvvb vvvvvv

      Comment by firda | December 2, 2013 | Reply

  2. arik

    Comment by firda | December 2, 2013 | Reply

  3. pesen apa sing bisa dijupuk saka teks ceita pewayangan kasebut?

    Comment by inecca lynch | September 27, 2015 | Reply


Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: